Hadiah Ulang Tahunku ~ Sebuah cerpen bahasa jawa yang dibuat untuk tugas kelas X semester 2. Berbakat juga aku (?) ahhahaha.. :v. Thanks for Bu Yeni tercintaa...
Kawit Lintang oleh hadiah buku, Lintang dadi seneng nulis, neng sekolah, neng omah, pas prei-an, pas maem, nganti siram Lintang mesti nggawa bukune. Apa baen, Lintang tulis ana buku kuwi. Nek kanca-kancane Lintang padha dolanan, Lintang malahan asik nulis.
Enjing meniko, Lintang lan sakeluargane saweg bareng bareng mberesna omahe sing wis katon reged amarga wis 3 dina kiye rewange lintang bali maring griya asline nang Jakarta, amargi dheweke ngrasakna awake mandan mriang, mulane omahe Lintang ora tau di sapu. Mulane, omahe Lintang katon regede pol. Amarga kuwi keluwargane Lintang nganakna resik-resik omah bareng.
“Ya emang kaya kuwi Lintang .”Ujare Wulan karo nyiwit tangane adine.
###
Lintang punika gadis
cilik kelas 3 SD nang kota Purwokerto, dheweke anak salah sawijining pengusaha top
nang kotane. Dheweke nduweni rupa sing ayu, nanging dheweke mboten sregep
nulis, mbuh nulis catetan, PR, nganti nulis jenenge dhewe Lintang males. Amarga
Lintang mboten sregep nulis, dheweke meh bae ora munggah kelas.
Kring-Kring… Uni
alarm jam weker. Lintang ingkang taksih dolanan ing alam mimpine, langsung tangi
amergo kebrebegan unine jam weker. Karo rupa sing esih kucel, Lintang
kucek-kucek mripate karo ndeleng tanggalan nang jam weker.
“10 Desember…” Neng ati bungah banget amarga dina kuwe
Lintang ulang tahun.
Dina iki Lintang
ulang tahun kaping sedoso. Sauntoro rupo Lintang ketingal bungah pisan. Ngerti
dina kuwe dina ulang tahune, Lintang langsung metu soko kamar langsung nimbali
ibune.
“Ibu…” Undang Lintang
kanthi seru.
Kaping telu Lintang
ngulangi undangan maring ibune, nanging mboten wonten walesan. Lintang banjur
nggoleti neng sakabehe panggonan nang omahe
- ruang tamu, kabeh kamar, kamar adus, dapur, nganti tekan taman mburi –
ibune ora katon.
“Kok sepi yo… Padahal iki dina ulang tahunku” Grememeng
Lintang katon sedih.
“Kayane bapak ibu lagi
nang dhuwur” ujare Lintang neng jero ati karo munggah anda menyang lantai loro.
Happy Birthday To You,
Happy Birthday To You,
Happy Birthday, Happy Birthday,
Happy Birthday…. To You…
Lintang kepireng
suarane ibu, bapak lan kakang mbakayune sing arane Wulan. Ujug-ujug Wulan metu
bareng bapak ibune nggawa kue sing warnane coklat lengkap karo krim putih lan
buah cherry nang duwure. Neng dhuwure
maning, katon lilin kang bentuke angka 10. Nang kono uga ana tulisan Lintang
karo gambar upin ipin sing lagi tepuk tangan.
“Selamat ulang tahun
Lintang, mba melu seneng karo kowe, ora kerasa saiki umure Lintang wis 10
taun.” Ujare Wulan karo ngrangkul Lintang.
“Nggih, mba.. “
Lintang nimpali.
“Mba, kejutanipun sae
sanget, Lintang pikir mba kesupen kaleh dinten ulang tahune Lintang”
“Ya mba ora mungkin
klalen karo dina ulang tahune adike mba sing paling mba sayangi” Diomongi kaya
kiye, Praupanipun Lintang dadi katon abang.
“Ah.. Mba, Lintang dados
isin.”
“Oh ya... Damu
liline, Lintang, terus maem kuene, cepetan, mba wis ngelih” Ujare Wulan kambi
nyekel wetenge wis muni.
Tiup Lilinnya,
Tiup Lilinnya,
Tiup Lilinnya,
Sekarang Juga,
Sekarang Juga,
Sekarang Juga...
Lintang ndamu liline
dibarengi karo lagu sing ditembangaken dening bapak, ibu, karo Wulan. Wulan
sing wis ora sabaran mangan kuene, melu-melu baen nyanyi seru-seru.
“Sikaatttt.....!” Ujare
Wulan banter karo langsung motong kuene. Kuene dimaem banter sanget, kaya wong
sing durung maem telung dina. Wulan pancen wis dikenal dadi ‘The King of Food’ , luwih-luwih
Wulan nduwe rumus :
“Lah... Deneng mba mboten
maringi Lintang Kado ?”
“Kwuwi lwoh, nweng
dwhuwurwe mejwa. “ Ujare Wulan karo maem.
“Ampun matur kalih
maem, Lintang mboten mireng ! Niku lambene mba belepotan.
“Opo yo..?” Takon
Wulan karo isin-isin.
“Ngaca ya ..”
Wulan banjur ndeleng
praupanipun nang kaca pengilon. “Ho.. oh “ Ujare Wulan.
“Kui Lho.” Wulan
nunjukake kotak ageng sing gedhene se-tv sing ukurane 21 inch. Kotake
warna abang, ana gambare Doraemon.
“Wah... mesti hadiahe
gedhe tur apik” Lintang katon bungah.
“Sedurunge Lintang
mbuka kadone, Tebak sit apa isine.. “
“Opo yo ??” Lintang
karo nggaruk sirahe.
“Opo hayo... ?” Ujare
Bapak, Ibu, lan Wulan bareng.
“Laptop wis
nduwe..... PS wis nduwe..... PSP wis nduwe, HP wis nduwe, kabeh kabeh wis nduwe... Oh
ya...Komputer, komputere siki wis rusak lan lemot, leres mboten mba ?”
“Ya Ora ngerti ya...
hehehe... coba dibukak kadone bae.”
Lintang banjur mereki
kadone karo mlayu banter banget, ora ana sekedipan, Lintang wis guthul nang
ngarepe kadone.
“Kok enteng sanget
nggih.. ?” Ujare Lintang karo ngobah-ngobah kadone.
Bapak, Ibu, karo
Wulan pada mlirik karo mesem-mesem.
Alon-alon, Lintang
mbukak kadone. Saben kadone dibuka, wonten kotak sing ukurane lewih cilik.
Lintang wis keselen, kringete gembrobos nelesi klambine sing nembe dituku wingi
sore. Siki kotakke wis dadi segedhe buku.
“Ayo..Ayoo... dibuka
maneh...” Ujare Wulan karo menehi semangat.
“Woww... Oh my
god...” Praupane Lintang katon bungah sanget, wektu dheweke ndeleng isi
kadone, yaiku buku tulis 'limited edition' sing dilapisi emas 22 karat.
“Ibu matur nuwun
nggih, niki buku sing tak impikaken.” Ujare Lintang banjur ngrangkul ibune.
“Padha-padha, Ibu
pengin, Lintang kawit saiki ngrubah dadi lewih apik ya, dadi bocah sing sregep
nulis. Amarga nek Lintang sregep nulis, Lintang iso ngguncang dunia.”
“Okeh bu..” Lintang
ngelap air matane sing metu.
Kawit Lintang oleh hadiah buku, Lintang dadi seneng nulis, neng sekolah, neng omah, pas prei-an, pas maem, nganti siram Lintang mesti nggawa bukune. Apa baen, Lintang tulis ana buku kuwi. Nek kanca-kancane Lintang padha dolanan, Lintang malahan asik nulis.
“Dor....” Ibu ndamel
kaget Lintang sing lagi nulis.
“Nopo bu...?? tuh
gara-gara ibu, Lintang dados nyoret nih... “ Ujare Lintang karo kesuh.
“Yo.. Yo.. Ibu njaluk
pangapura, nanging ibu arep ngerti jan-jane kowe lagi nulis apa ?” Ujare Ibu
katon penasaran.
“Ibu mboten angsal
ngertos”
“Ah.. Lintang nggawe
ibu penasaran” Ibu banjur ngrebut bukune Lintang.
“Biarin” Lintang
mlayu karo nggawa buku, ibu terus baen ngejar Lintang. Lintang karo ibu dolanan
kejar-kejaran nganti 2 jam, sekomplek perumahan sampun diubengi.
Amargi 2 jam mlayu banter terus, Lintang banjur
ngos-ngosan, kekeselen. Wektu Lintang agi kekeselen, ibu banjur ngrebut bukune
Lintang. Lintang sing wis kekeselen, mboten saged nglawan, ibune banjur maos
isinipun buku meniko. Ibu maos serius sanget. Jebule, Lintang lagi nulis
cerkak, ingkang diparingi judul “Maturnuwun Bu...”.
“Wah ibu ora ngira,
angger Lintang nduwe bakat nulis sing apik” Puji ibu.
“Ah.. Ibu... Lintang
dados isin” Praupane Lintang katon abang mbranang.
“ Cerkake Lintang
apik, kayane bisa dikirim maring penerbit.”
“Leres.. Bu ?”
“Nggih, mengko nek
Lintang wis rampung nulise, Lintah ngawehna cerkake maring ibu, mengko ibu arep
ngirim cerkake Lintang maring penerbit sing apik”
“Yeeeaaahh...”
Lintang bungah karo lompat-lompatan. Banjur kuwi, Lintang karo ibu nglanjutna
kejar-kejarane nganti sawise isya.
Enjing meniko, Lintang lan sakeluargane saweg bareng bareng mberesna omahe sing wis katon reged amarga wis 3 dina kiye rewange lintang bali maring griya asline nang Jakarta, amargi dheweke ngrasakna awake mandan mriang, mulane omahe Lintang ora tau di sapu. Mulane, omahe Lintang katon regede pol. Amarga kuwi keluwargane Lintang nganakna resik-resik omah bareng.
Sing liyane sibuk
ngresiki omah – Wulan nyapu, Ibune ngepel, Bapake ngelap meja -, nanging ana
sawijine wong sing ora melu ngeresiki omah. Sapa sing ora melu resik-resik ? Wis
bisa ditebak, sapa maning nek udu Lintang. Yap.. Wektu liyane lagi ngresiki
omah, Lintang malah dolanan ing ngarep laptope. Drijine Lintang katon ngetik
banter banget. Wulan ingkang penasaran karo apa sing dilakokna Lintang nang
ngarep Laptope, banjur arep ngagetna Lintang.
“Dor…” Wulan ngagetna
Lintang, Lintang sing kaget banjur arep ngantem laptope, Laptope njerit-njerit
keweden arep diantem karo bos-se. Untunge Wulan nahan tangane Lintang.
“Hayoo… Lagi mbukak napa
ya ?”
“Ni loh mba, Lintang saweg
searching penerbit sing kira-kirane sae
kangge ngirimaken cerkake Lintang.”
“Ibu…” Ujare Wulan ngoregaken
tembok omahe, gelas-gelas sing ana ing dapur pada goyang-goyang, amarga jeritane
Wulan banter banget.
“Ana apa Wulan ? Esih
esuk kok wis ngomong seru-seru ?” Takon Ibu.
“Kuwi loh bu, saniki
Lintang sampun edan.”
“Hush.. aja matur
kaya kuwi, anu jan-jane kenangapa sih ? coba critakaken maring ibu.”
“Niku loh bu… Lintang
mosok, badhe nerbitaken buku, napa mboten edan niku ?”
“Apa bener Lintang ?
Ngga ngira ibu, kowe bisa nulis cerkak banter banget.”
“Nggih.. Bu..”
“Deneng ibu malah ngalem
Lintang ? Lintang kan mboten saged nyerat, kedahipun nggih mboten saged damel
cerkak. Nggih nopo nggih ?”
“Oh.. Wulan durung
ngerti yo ? Kawit Lintang oleh buku hadiah ulang tahun, saiki Lintang dadi
sregep nulis”
“Ora.. Ora mungkin.. Mustahil”
Ujare Wulan.
“Nih mba..” Ujare
Lintang karo ngawehna cerkake sing arep digawe buku.
“Lah.. Paling ora
apik mbok ?” Wulan ngejek Lintang.
“Ampun ngece aku
mba.. mba maos rumiyin nembe saged matur”
Wulan banjur maca
cerkake Lintang. Mripate ora bisa kedip saking seriuse. Ora let suwe, Wulan wis
rampung olehe maca cerkake Lintang.
“Pripun.. mba, sae
nopo mboten ?”
“Eh.. Lintang temenan
wis edan ! Demi Alloh, cerkake Lintang sing paling apik sekang cerkak sing wis
mba waca. Lintang kok meneng-meneng agi nulis cerkak, apik maning ! Mba ora
ngira Lintang bisa nggawe cerkak, ora kalah karo penulis sing wis terkenal,
contone Donny Dhirgantoro, penulis ‘5 CM’,
utawi J.K.Rowling, penulis ‘Harry Potter’
, emang bener yah, nek pintere mbane, mesti nurun maring adine.” Wulan muji
Lintang nganti tutuke ndower.
“Hooo… GR” Ujare
Lintang lan Ibu karo nguncalake kacang maring praaupane Wulan.
“Hehehe…
ngomong-ngomong, Lintang wis oleh penerbit sing arep gawe bukune apa durung ?”
“Sampun sih… Kulo wis
kepanggih penerbit ingkang cocok nerbitaken bukune Lintang. Lintang cocok karo
penerbit Gerahmedia lan Nulisbuku.com, nanging Lintang mumet ajeng nerbitaken
buku teng ngendi.”
“Gerahmedia bae”
Ujare Wulan nimpali.
“Yo.. sih.. Aku pengine
wonten ing Gerahmedia. Kenangapa ? Amarga Gerahmedia niku langkung terkenal,
lan wonten royaltine mbarang, mangke nek cerkaku ditampi dening Gerahmedia,
Lintang saged dados milliyaran cilik.”
“Ho… Mripate Lintang
abang duit satus ewuan, yaw is nek kaya kuwi, nang Gerahmedia baen.”
“Nanging dereng mesti
ditampi mba.”
“Lintang, eling-eling
yah.. dadi wong kuwi aja mundhur dhisit nek durung nyoba.”
“Ehmm.. Okeh Lintang ajeng
nyobi rumiyin ngrimaken cerkak dateng Gerahmedia”
“Nah , Kuwi Nembe
adine mba, saiki, mba arep takon, kowe ngerti apa ora, carane ngirim cerkak
maring Gerahmedia ?”
“Mboten ngertos mba”
#PLAK# Wulan semaput,
praupane lemes, mripate kabur, lan sirahe mumet.
“Kowe sih kepriwe ?
Arep nerbitaken buku nanging ora ngerti cara ngirime ?”
“Ya kantun ngirim
mba..”
“Priwe carane ?”
“Woles bae mba… Lintang sampun ngertos carane ngirimaken cerkak.”
“Miki jerene ora
ngerti ?”
“Guyon mba”
“Lintang tah, wektune
guyon, serius, wektune serrius malah guwon.”
“Hehehehe…”
“Hahahehe.. Priwe koh
carane ?”
“Dados kados niki
mba.. “
Lintang banjur
nerangna carane ngirim cerkak, Drijine nulis lan ngobahake mouse banter sanget. Wulan lungguh nang jejere Wulan, karo ndeleng
carane ngirim cerkak. Lintang banjur mbukak website
Gerahmedia, sing alamate www.gerahmedia.com
. Sawise kuwi, Lintang banjur mbukak kolom ‘pendaftaran’. Nang kono,
Lintang ngisi formulir lan ngrimaken cerkak asil karyane sing judule ‘Maturnuwun, Bu..’ .
“Lin.. Kowe wis
nggawe kata pengantare durung ?” Takon wulan karo nunjuk tombol sing nggo
ngirimaken kata pengantar.
“Yo wis lah kak “
Lintang banjur ngirimaken kata pengantare sing nembe digawe wingi bengi. Sak
niki Lintang wis ngrampungna syarat-syarate karo wis ngisi formulire.
“Sampun nggih mba ?
Kirim saniki nggih .. ?” Takon Lintang karo ngobahake mouse maring tombol ‘kirim’.
“Mengko dhisit,
dipriksa sit, mbok ana sing kliru.” Ujare wulan, karo mriksani formulire wing
wis diisi. Lintang lan Wulan mriksane seriuse pol, nganti mripate ora kedip.
Ana telung menit, wong loro mau, mriksani formulire. Sawise rampung, Lintang
banjur nge-klik tombol ‘kirim’. Komputere Lintang banjur nampilaken pesan sing
unine kaya kiye :
“Kangge nerusaken
langkah seterusipun, sak niki bukak emaile panjenengan kangge ndeleng langkah
sing berikut. Ttd. Tim Editor
Gerahmedia.”
Sak wise ndeleng
prentah kaya kuei, Lintang enggal-enggal mbukak emaile, lan mbukak kotak ‘inbox’
.
“Deneng mboten wonten
nggih mba ? “ Takon Lintang kaya keweden.
“Sabar, palingan 3
menit maning “ Lintang saiki wis ora keweden, lan nuruti prentahe Wulan sing prentah
Lintang nunggu 3 menit. Sak wise telung menit, temenan ana email mlebu nang kotak ‘inbox’.
Emaile unine kaya kiye :
“Sugeng siang, kulo
sekang PT.Gerahmedia ngucapaken maturnuwun kangge partisipasi panjenengan
ngirimaken cerkakipun maring PT.Gerahmedia. Kulo badhe mriksane rumiyin cerkake
panjenengan. Tunggu email kulo
selanjute 3x24 jam kawit siki. Ttd. Tim Editor Gerahmedia.”
“Deneng 3 dinten malih
nggih mba ?”
“Ya emang kaya kuwi Lintang .”Ujare Wulan karo nyiwit tangane adine.
.Esuk Kuwi, Lintang
lan Wulan lagi dolanan monopoly nang
teras ngajeng. Sabenere, Lintang lan Wulan wis bosen dolanan monopoly. Asline, wong loro mau arep
dolanan ular tangga, nanging amarga Lintang keweden maring sing dhuwur-dhuwur,
dadine Lintang lan Wulan dolanan monopoly.
“Eh.. kowe ngerti
dina kiye tanggal pira ?” Takon Wulan maring Lintang sing agi mumet amarga
kawit mau duite dheweke minus, amarga Lintang agi kena hukuman pemiskinan nang monopoly amarga Lintang korupsi wektu
dheweke nduwe ‘Listrik Company’.(Emang
ana yah ..? korupsian neng monopoly ?)
“28 Januari, emang
kenangapa ?”
“Kowe klalen ?”
“Masya Alloh, Aku
durung ngerjakna PR sing nggo ngesuk” Lintang banjur arep maring kamare,
nanging Wulan nahan Lintang.
“Udu, udu kuwi,
nanging penerbit..”
“Masya Alloh. Kok aku
nganti klalen nek saiki wektune ndeleng nasibe cerkake Lintang “
Wong loro mau banjur
njukut laptop lan mbukak emaile Lintang.
Ndilalah, Laptope wis lemot pisan amarga polahe Lintang sing njajal nggawe
wirausaha ternak virus laptop, dadine laptope Lintang kena AIDS. Dadine Lintang
kudu nunggu disit. Sak wise 30 menit laptope wis waras amarga Lintang wis ngaweh
vaksin maring laptope. Lintang banjur mbukak emaile la ana email anyar
sing unine :
”Sugeng enjing,
Selamat ! cerkake panjengan, kulo terima, kangge contoh buku, kulo badhe ngirim
ngesuk nggunakaken JNE. TTD. Tim Editor Gerahmedia.”
“YES.. Alhamdulillah
ya Alloh …” Lintang banjur loncat-loncatan nang lantai.
“Ana apa sih deneng
ketone agi seneng banget ?” Takon Ibu.
“Rahasia Wulan kalih
Lintang” Wulan semaur.
“Eh… Aja main
rahasia-rahasiaan sih ngapa”
“Niki loh bu,
cerkakipun Lintang ditampi Gerahmedia.” Wulan nerangnya.
“Temenan.. ?
Alhamdulillah”
Lintang, Wulan, lan
Ibu banjur rangkulan amarga seneng banget. Mbengine, Keluwargane Lintang
ngerayakake nang KFC
RAMPUNG
0 komentar:
Posting Komentar